Senin, 05 Maret 2012


Scooby Doo


                Crita kartun kiye nyritakna asu great-dane warna coklat gedhe sing kocak nemen, Scooby arane. Scooby karo kanca-kancane nduwe kerjaan nylidiki kedadian-kedadian misterius sing jarene ngelibatna monster karo hantu. Hiiii! Serem!!! Eh, kalem bae, hantu karo monster sing ana nang kartun kiye kabeh lucu karo ora medeni! Sebabe moster karo hantu-hantu kae dudu hantu asli, tapi robot utawa wong sing nganggo kostum. Mugane, cerita kiye dadi favorite wong-wong nang seluruh dunia.

                Critane kocak nemen. Awale mesti Scooby karo kanca-kancane lunga nylidiki kasus monster. Sawise olih informasi saka wong-wong sing pernah ndeleng monstere, Fred pemimpin grup, mesti ngejak kanca-kancane lunga maring tempat kedadean. Nah, ora suwe monstere muncul. Kabur!!! Hi hi hi, lucu kan?

                Ning  wis ngumpulna petunjuk karo nduwe dugaan sapa pelaku sing dadi monstere, Fred karo kanca-kancane, masang prangkap kanggo nyekel monstere. Scooby karo Saggy mesti dadi umpane. Melasi... Loro-lorone mesti nolak dong wis dikongkon dadi umpan, tapi Daphne mesti nduwe akal kanggo mbujuk loro-lorone.  Akale yaiku, Saggy lan Scooby dingein Snack Scooby. Nyam! Dadine loro-lorone gelem dadi umpan.

                Lucune maning, kadang prangkape sing dipasang ora hasil nangkep monstere tapi malah nyekel kanca-kancane dewek. Aduh, aduh, kok dadi kaya kuwe?
Tokoh -tokoh film kartun Scoob Doo,antarane :


              Scooby Doo
  Freddie Jones
  Daphne Blake
  Velma Dinkley
Shaggy Rogers

Beberapa Film Scooby Doo : 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar